Selasa awan wong telu (Sutaji, Gempil lan Sujak) budal numpak sepur jurusan semarang.
"Sepure sik suwe rek .....ayok ngopi karo rokokan disik, rek" jare
Sutaji.
Akhire wong telu mau rokokan karo ngobrol ngalor ngidul, guyon cekikikan ndik warung kopi.
Saking asyike guyon, wong telu mau gak ngerti lek sepure katene budal. Pas suorone sepur muni banter nguuueekk... nguueengeeeeekkk k ... arek telu mau kaget. Kedandapen.
Mari mbayar kopi, arek telu terus mblayu nututi sepur sing wis mlaku mau. Playune sepur soyo suwe soyo banter....nguuueeee kk...nguuueeeeng eek... Gempil karo Sujak mblayune luwih cepet, dadi sik isok mencolot mlebu nang sepur. Sutaji mlayu ambek ketedang-ketedeng ketinggalan ndek mburi ... akhire gak nutut ....
Ketinggalan SEPUR ambek embegane nglosor-nglosor ........ engos2en.... ...
Gak suwe Sutaji ngguyu kuuuueekel kare embegane isih ngos2en huuuaaa, huuaa ..... ha ..ha ..ha..
Wong sing ndelok Sutaji ... ono sing sakno .. ono sing bingung ... ono
sing ngiro arek gendeng..... Ono Satpame Stasion ndelok Sutaji koyok ngono gak mentolo .. dipikir saking sedihe terus dilampiasno ngguyu.
"hei .. kon iku ketinggalan sepur kok malah ngguyu kekel opo'o? Jare
satpame Stasion.
Sutaji ngguyu ngakak : Huaaa ha ha ha ha . . ..Sing katene lungo iku sakjane aku .. (
Sutaji crito isih karo ngguyu ngakak)
sebelumnya...Sutaji oleh tugas maneh seko kaji Imron. Sutaji dikongkon ngeterno duwik rong yuta gawe mbayar utange kaji Imron.
"Pak.. duwek rong yuta iki dikekno sopo" ?
Takok sutaji.
"nggone Pak Bunali ndek Semarang" jare
Pak kaji. "Sopo sing ngeterno aku nang Stasion sepur" jare
sutaji maneh. "Ojo kuatir, Ji ..... Gempil karo Sujak ngancani awakmu sampek stasion sepur", jare
Pak Kaji.
Wong sing ono stasion dadi mlongo."Hua hua hua hua ha ha ha . . . .Gempil lan Sujak numpak sepur .....hik hik hik.... kok malah sing ngeterno aku ..." Jare
Sutaji ngakak ambek ngetokno gembolan duwik rong yuto.
Inti ceritera:Sutaji itu yang disuruh pergi, karena tergesa-gesa maka yang naik kereta itu justru temannya yaitu Gempil dan Sujak.
*pengirim: Antono Basuki
Label: bahasa jawa, dialog
Balasan dari Popa
Mbah Antono ada2 saja ...., aku dadi kelingan waktu ada demo di UGM dan tentara masuk kampus, semua mahasiswa yg ada dijalan boulevard ditangkap.
Aku, Antono,Widi dan Yanto gabug hanya nonton tetapi juga dibawa ke Korem, hanya Antono yg gak ditangkap. Waktu itu Antono protes sama tentara ..
"Mas saya kok gak ditangkap ? " Dijawab oleh komandan
pleton tentara,
"Lho sampeyan kan bukan mahasiswa, sampeyan kan BAKUL KRUPUK tho, ya gak ditangkap"Betapa sedihnya sobatku antono.. Mengapa tidak dipercaya kalo mahasiswa....he5x.
*pengirim : Antono BasukiLabel: bahasa jawa, dialog, sindiran
21.55
Cabut Gigi
Pak Mertoyudho dokter gigi kondang soko desa Tjutuk Manuk Randublatung wis kaloko dadi dokter gigi sing mumpuni. Loro untu opo wae pasti cespleng, untu krowok, untu pecah, untu gapuk, untu berlubang pasti mari (sing baku dudu untu unto opo untu manuk cucakrowo). Isuk kuwi ketamon pak Kuntjung sing rambute koyo Ronaldo pemain bal soko Brasil sing juara bal-2-an sak donyo.
"Kulo nuwun pak dokter untu ..... eeehh dokter gigi."
"Monggo pak Kuntjung ... kulo aturi lenggah rumiyin"
Sak wise sak untoro wektu pak dokter metu karo nggowo uborampe.
"Sakit menopo pak ?" Takonne dokter Tarto
"Niki lho pak dokter ... untu kulo niki kok sedut2 senut penjenengan tingali rumiyin."
Sakwise diprikso doktere ngomong "Lah niki kedah dicabut pak"
"Pak dokter pinten ongkose ?" Takon pak Kuntjung nggenahke.
"Anu pak ... niki kenging arto go jing."
"Go jing niku pinten ?"
"Go jing ... niku gangsal ewu pak."
" Ngaten pak .... Nuwun sewu ... kulo namung gadah arto kalih ewu ingkang tigang ewu kulo sukani kalih mendo (wedus) kulo, dene mendo kulo reginipun satus seket ewu, mbenjing wulan ngajeng wedus kulo ingkang meteng meniko medal cempe nipun, pramilo kulo aturi ngetung rumiyin menggah saenipun, dados medalipun etangan pak dokter gadah utang dateng kulo satus patang puluh pitu ewu."
"Oooo....ngoten pak Kuntjung .... Mekaten kemawon, amrih saenipun untu pak Kuntjung ingkang ngandap kulo cabut gangsal, dene ingkang nginggil kulo cabut sedoyo, dene sisanipun bade kulo cabut benjing dalu, dados etanganipun impas, bapak mboten gadah utang kulo ugi mboten gadah utang"
Pak Kuntjung nesu, rai bang ma-wingo-2 kuping megar, cangkem ngiler.
"Lhadalah bojleng-bojleng moto mlorok ora ndedelok.......pak dokter kurang ajar, mosok kulo ompong ngaten. Wis, mendingan ora duwe wedus, katimbang mung iso ngemut thok. Gemblunk, opo???"
*pengirim : Antono Basuki
Label: bahasa jawa, dialog, sindiran
21.36
Jawaban dari Widiantoro
Wah hebat yo..
Critane Riyantoko (Antono), sangat peduli dengan sekitarnya termasuk awakmu juga peduli dengan sesama.... nek aku tarapku baru sayang ma istri....
Contone waktu aku duwe anak kecil , aku tetap lebih sayang sama istri . Padahal orang lain kalau dah punya anak lebih sayang ke anak. Nek aku gak. Buktine anakku dibopong wong liyo aku meneng wae. Bareng bojoku digendong wong liyo. Aku ngamuk !
*pengirim : Antono Basuki
Label: sindiran
21.29
Serial Critane Trio Wong Ndeso : Popa, Widiantoro HEBAT
Bicara soal
Widiantoro.
Waduh, aku percoyo deh yen Widiantoro sayangnya sama istri luar biasa, sebab sejak dulu pacarnya sayang banget sama Widiantoro. Pernah saya berhasil ngajak pacarnya jalan-jalan tak boncengke motor (batinku wah pacare Widiantoro ora sayang sama Widiantoro buktinya gelem tak boncengke), Eeee jebule
jawabane Widiantoro : "
Aku sudah bilang saya pacarku jika kamu sayang padaku HARUS MAU diboncengkan sama Antono".
Wah wah wah Widiantoro memang
tiada duanya.
***
Lain Widiantoro, lain pula
Nova Daryanto (Popa).
Begitu muncul mbak Sukna guru bahasa Inggris kita dalam milis ini maka saya ingat Popa & Widiantoro.
Popa memang orang yang taat kepada guru. Bu guru bilang kalau ingin cepat nguasai bahasa inggris maka JANGAN MALU PRAKTEK BICARA walaupun baru sedikit perbendaraan katanya. Memang, Popa baru nguasai sedikit diantaranya :
Never Mind ,Thank You, dan berhitung sampai tujuh (One, Two, Three, Four, Five, Six, Seven) dan Bye bye, tapi semangatnya layak mendapat
acungan jempol !!!.
Nah kebetulan sewaktu pulang kursus Saya, Widiantoro dan Popa pulang jalan kaki bersama. Popa dengan mantabnya berjalan mendekati Bule dan sengaja badannya ditubrukkan ke Bule akibatnya buku dan kertas-kertasnya berhamburan. Bulenya pekewuh, membantu mengambilin buku & kertasnya dan terjadi pembicaraan.
Bule : I am sorry !!!
Komentar Popa dalam hati ... wah iki kesempatanku nguji kehebatanku bahasa inggris mumpung ono Antono lan Widiantoro (maksudte arep umuk)
Popa : Never Mind, Thank You (
Popa mulai ngurutke apalanne).
Bule : Thank You Too
Popa : (
Dalam hati habis Two berarti Three).
Popa langsung dengan mantabnya menjawab : Thank You Three !!!
Bulene mulai bingung.Sambil kebingungan
Bulene ngomong : What For ??
Popa : Dalam hati kecilnya berbicara habis Four pasti Five. Tanpa komentar panjang dengan gaya khasnya
popa menjawab : Thank You Five !!!
Si Bule tambah bingung.Si Bule dalam kondisi kebingungan layaknya bingung mikirke Penentuan KOALISI PARPOL.Si Bule bertanya lagi : Are You Sick ???
Sekarang bingungnya pindah ke
Popa. Dalam hati popa ingat habis Six tinggal Seven, habis itu modal gue habis, dari pada malu sama Antono & Widiantoro gua cepet-cepet lari aja.
Popa : (Sambil lari tunggang langgang)
Popa berteriak :Thank You Seven, Bye bye !!!!!.
Terbukti lagi tho Popa
MEMANG HEBAT !!! (Hebat nekadte he he he )
*pengirim : Antono BasukiLabel: dialog, sindiran
21.07